Kategori Berita

KANAL

REGIONAL

Minggu, 21 SEPTEMBER 2025 • 23:33 WIB

Arek Malang Rame-rame Jelajah Kampung Heritage Kayutangan, Suasana Lawas Sing Bikin Betah

Arek Malang Rame-rame Jelajah Kampung Heritage Kayutangan, Suasana Lawas Sing Bikin BetahSuasana kampung heritage kayutangan (Bhekti Setyowibowo/INDOZONE)

Malang – Akhir pekan iki, Kampung Heritage Kayutangan dadi jujugan favorit arek-arek Malang karo wisatawan. Suasana kampung lawas sing sek dijogo apik, sukses narik ribuan pengunjung sing pengin ngrasakke vibe jaman biyen.

Sejak Sabtu sore, gang-gang sempit di Kayutangan rame karo langkah kaki pengunjung. Omah-omah kuno bergaya kolonial dadi spot foto paling diburu. Ora mek arek nom, bapak-bapak karo ibu-ibu yo padha asik swafoto bareng keluarga.

“Aku seneng dolan nang kene. Rasane kaya bale' neng jaman mbah-mbah, tapi tetep rame karo musik lan jajanan,” ujar Rara, mahasiswa asal Dinoyo sing lagi selfie bareng kancane.

Selain wisata sejarah, pengunjung yo iso nikmati kuliner khas Malangan sing dijajakke warga. Sate rempelo, bakso bakar, sampe es dawet ijo laris manis. regone terjangkau nggawe pengunjung tambah betah nongkrong luwih suwe.

Panitia kampung heritage nyebut, saben weekend jumlah pengunjung iso tekan 3.000 wong. Mayoritas arek Malang sing ngajak keluargane refreshing. “Alhamdulillah, ekonomi warga sekitar yo ikut mlaku. UMKM cilik-cilik sing dodolan nang kene laris kabeh,” jare Sugiarto, Ketua RW setempat.

Arek arek Malang sing mampir yo ora mek foto-foto. Akeh sing dolan karo sepeda ontel, nyoba permainan tradisional, lan ngicipi kopi kampung sing diseduh manual.

Kampung Heritage Kayutangan saiki dadi ikon anyar wisata Malang. Wisata sejarah, kuliner, lan budaya campur dadi siji. Sing penting, sampean kudu siap antri yen dolan nang kene pas weekend.

Dilarang mengambil dan/atau menayangkan ulang sebagian atau keseluruhan artikel di atas untuk konten akun media sosial komersil tanpa seizin redaksi

Sumber: Liputan Langsung

BERITA TERKAIT
BERITA TERBARU

Arek Malang Rame-rame Jelajah Kampung Heritage Kayutangan, Suasana Lawas Sing Bikin Betah

Close
Close
Close
Close
Link berhasil disalin!