Kategori Berita

KANAL

REGIONAL

Senin, 22 SEPTEMBER 2025 • 19:24 WIB

Es Santan 68, Legenda Seger Arek Malang Sing Ora Lekang Wektu

Es Santan 68, Legenda Seger Arek Malang Sing Ora Lekang WektuEs Santan 68 (Foto Istimewa)

Malang – Es Santan 68 wis dadi jujugan favorit wong Malang sejak taun 1968. Minuman sederhana nanging seger iki tetep ngangkat rasa penasaran pelanggan, saka generasi biyen nganti generasi saiki.

Disajikno nganggo campuran santan sing gurih karo es serut lan sirup gula jawa, rasane khas lan ngangenin. Racikan iki ora berubah akeh nganti saiki, dadi alasan kenapa pelanggan lawas tetep setia lan pelanggan anyar kepincut nyoba.

Lokasine sing strategis neng tengah kutha nggawe Es Santan 68 gampang digapai. Saben siang nganti sore, pengunjung ora tau sepi. Kursi-kursi sing disediakno kerep penuh karo wong sing pengin ngilangno dahaga karo minuman legendaris iki.

Ora mung wong Malang, wisatawan sing mampir yo penasaran karo kesegaran es santan iki. Hargane sing ramah ing kantong nambah daya tarik, nggawe minuman iki cocok dinikmati sapa wae.

Es Santan 68 saiki wis dadi bagian saka cerita kuliner Malang. Sederhana, seger, lan ora neko-neko, nanging tetep iso njaga tempat istimewa neng ati pelanggan nganti luwih saka setengah abad.

Dilarang mengambil dan/atau menayangkan ulang sebagian atau keseluruhan artikel di atas untuk konten akun media sosial komersil tanpa seizin redaksi

Sumber: Liputan Langsung

BERITA TERKAIT
BERITA TERBARU

Es Santan 68, Legenda Seger Arek Malang Sing Ora Lekang Wektu

Close
Close
Close
Close
Link berhasil disalin!