Batu – Selecta dadi salah siji tempat wisata paling legendaris nang Kota Batu sing ora entek pesone. Sejak jaman biyen nganti saiki, Selecta tetep dadi pilihan favorit keluarga arek Malang kanggo liburan.
Taman kembang sing warna-warni dadi daya tarik utama. Pengunjung iso mlaku-mlaku santai sambil nikmati hawa sejuk pegunungan. Panorama gunung sing ngelilingi Selecta nggawe suasana tambah adem lan tenang.
Ora mung taman kembang, fasilitas nang Selecta yo lengkap. Ana kolam renang, area bermain bocah, nganti wahana sepeda udara sing ngliwati kebon kembang. Cah-cah cilik seneng dolanan, wong tuwo iso santai nang kursi-kursi taman sing tersebar rapi.
Sejarah Selecta cukup dawa. Wis berdiri sejak era kolonial Belanda, panggonan iki awalé dadi resort peristirahatan. Saiki, meski wis modern, nuansa lawas lan keasrian tetep dijaga. Bangunan bergaya tempo doeloe masih iso ditemui, nambah kesan heritage sing kental.
Pas weekend lan musim liburan, Selecta rame karo pengunjung saka Malang Raya nganti luar kutha. Tiket sing terjangkau nggawe wisata iki tetep ramah kanggo kabeh kalangan. Selain nikmati wahana, pengunjung yo iso jajan kuliner khas Batu lan belanja oleh-oleh nang sekitar.
Selecta saiki dadi bukti yen wisata legendaris iso tetep eksis. Perpaduan sejarah, alam, lan fasilitas modern nggawe panggonan iki ora mung sekadar tujuan liburan, tapi yo bagian saka kenangan arek Malang.
Dilarang mengambil dan/atau menayangkan ulang sebagian atau keseluruhan artikel di atas untuk konten akun media sosial komersil tanpa seizin redaksi
Sumber: Liputan Langsung